B.Daerah

> Drama
   a. macem-macem drama sing perlu diweruhi lan dimangerti, yaiku:
1. Drama absurd
drama edan edan kang nerak utawa ora nggatekake konvensi struktur semantik.
2. Drama waca
yaiku naskah drama kang mung cocok kangoo diwaca,ora kanggo dipentaske.
3. Drama brojuis
Drama kang temane bab panguripan kaum bangsawan muncul abad ke 18.
4. Drama domestik
yaiku drama kang nyritakake panguripane rakyat biyasa.
5. Drama sedhih
Drama kang mliginggambarake susah sungkawane paraga utama. utawa drama kang nggambarake gasehing panemu antaraning paraga utama lan kekuwatan ngedab edabi, kang pungkasane nuwuhake prahara utawa bab kesusahan.
6. Drama dukaria
yaiku drama kanthi alur sing sabenere luweh mathuk kanggo drama sedhih, nanging pungkasane malah ndadekake bagya.
7. Drama heroik
yaiku drama sing mujudake tetirone wujud tragedi, kang tansah tansah katresnan lan jeneng becik (nama baik)
8. Drama liris
yaiku dramakang wujude basa pinathok (puisi)
9. Drama misteri
yaiku drama bab keagamaan kang isi crita crita saka alkitab.
10. Drama moralis
yaiku drama keagamaan asipat alegoris (ngemu teges pepindhan), kang isi konflik antaraning ban kebecikan lan kewengisan.
11. Drama rakyat
yaiku drama kang tuwuh ngrembaka cundhuk klawan dina dina gumbira/pestaning rakyat kang ana, utamane saka karang padesan.
12.Drama ria
yaiku drama panglipur wuyung kang asipat sindiran, nanging dipungkasi klawan kahanan bagya.

  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

IPA